Jumat, 16 April 2021

Parikan

 Parikan ( Pantun ) yaiku unen-unen sing dumadi daka rong gatra utawa patang gatra lan nengenake purwakanthi (runtuting swara).


Parikan dumadi saka rong perangan:
1. Ukara purwaka / sampiran,
2. Ukara wos / isi.


Gunane purwaka yaiku kanggo narik kawigatene wong sing arep di khandani / dituturi. Sawise wong mau ketarik atine mula banjur nggatekake marang wose / isine kang baku.


Carane ngarang parikan:
Sing dikarang dhisik yaiku wose / isine, banjur sing keri ukara purwakane.
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda sing padha.

Tuladhane / contoh parikan :
- Tawon madu ngisep sekar
  Golek ilmu kudu sabar

- Enting-enting gula jawa
   Sabungkus isine sanga
   Sing penting kanggo pra siswa
   Urip tertib kang tumata
- Tampar taline timba
   Sing sabar sauntara
-  bumbu goreng bumbu mrica
   Kudu rukun karo kanca
-  Golek kewan Cacing ulur

    Aja lali maring sedulur 

0 comments:

Posting Komentar