Rabu, 14 April 2021

Kelas 8 Lanjutan Wulangan 3: Crita Legenda, Homograf, Jenenge Panggonan

 



    👉 Crita Legenda yaiku:

Crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kadadean utawa aran panggonan. Crita utawa dongeng mau nyebar kanthi lesan, dadi ora bisa kanggo pathokan ngenani salah utawa benere. Nanging nganti saiki isih dipercaya dening masyarakat. Tuladha: Tangkuban Prau, Surabaya, Asal-usul Tembok Luwung, Asal-usul Pecabean, Asal-usul Tegal, lan liya-liyane.

 

👉 Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.

   Ing ngisor iki tuladhane homograf basa Jawa:


- Wong gendheng ya, awit mau misuh-misuh karepe dhewe. (gila/edan)
- Gendhenge padha pecah amarga kena angin lesus. (atap)

- Bocah aja kesed ben cedhak rejekine. (mal
es)
- Yen arep mlebu mrene kesed dhisik. (
ulap tlapakan)

- Gegere lara kabeh bubar njunjung karung 30 kg. (
perangan awak)
-  Kelas awit mau kok geger wae ana apa?
 (ribut/ rame/ontran-ontran)

- Kaline peres amarga udan sedina sewengi. (banjir)
- Klapa parute diperes arep dianggo masak santene. (diatusake)

- Wedhuse ditaleni sing kenceng ben ora ucul. (
kenceng)
- Bapak mundhut sepedha motor dibayar kenceng. (
bayar kontan)

-Bocah loro katon keket banget kaya lem. (akrab)
- Nek wit pelem kuwi akeh uler kekete. (jenis ul
er)

- Kucingku wulune ketel. (wulune akeh)
- Ketel nek dhuwur meja isine es sirup. (teko)

- Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. (ireng)

- Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro.  (anak kucing)

 - Yen duwe meri kudu dikandhangake. (anak bebek)

- Kowe ora perlu meri karo adhimu. (ewa/iri/pengin kaya liyane)


👉Jenenge Panggonan

1.      Alas                 : panggonane wit-witan/thethukulan lan kewan-kewan.

2.      Alun-alun        : plataran amba ing satengahing kutha.

3.      Bango              : panggonan kanggo dodolan.

4.      Bangsal           : panggonan kanggo pasamuwan.

5.      Bong               : kuburane cina.

6.      Bothekan         : wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.

7.      Cangkruk        : panggonan kanggo jaga kampung.

8.      Clunthang       : wadhah jangkrik.

9.      Endhong         : wadhah panah.

10.  Gayor              : kanggo nyanthelake gong.

11.  Gedhogan       : kandhang jaran.

12.  Gerdhu             : panggonan kanggo jaga.

13.   Glodhogan      : kanggo omah tawon.

14.  Grobog            : kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.

15.   Gubug             : panggonan kanggo njaga tanduran.

16.  Kadhaton        : daleme ratu.

17.  Kurungan        : kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.

18.  Langgar           : omah cilik kanggo sembahyang wong Islam.

19.  Lumbung         : panggonan kanggo nyimpen pari.

20.  Menara            : panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.

21.  Mesjid             : omah gedhe kanggo sembahyang umat Islam.

22.   Padaringan      : wadhah kanggo nyimpen beras.

23.   Padasan          : panggonan kanggu wudhu.

24.   Pagupon          : omahe dara.

25.   Pawon             : perangan omah sing kanggo olah-olah.

26.  Pendhapa        : perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.

27.  Pesantren         : papan kanggo mulang wuruk para santri.

28.  Petarangan      : panggonan kanggo ngendhoge pitik.

29.  Pondhok          : omah kanggo mondhok, ngaji para santri.

30.   Sanggar           : papan kanggo latihan, papan kanggo semedi.

31.  Senthong         : perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.

32.  Stasiun            : papan kanggo mandhege sepur.

33.  Tala                 : omah tawon.

34.  Tangsi              : papan panggonane tentara.

35.  Wrangka          : kayu wadhah keris utawa tumbak


0 comments:

Posting Komentar