Minggu, 04 April 2021

Bacaan Wayang: Peksi Jatayu Sang Garuda Wicaksana (Kelas 8 Semester 2)

                                         PEKSI JATAYU SANG GARUDHA WICAKSANA

Resi Jatayu iku manuk  awujud garudha kang kagungan watak wicaksana lan tansah eling marang Sang Hyang Agung, mula banjur ajejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku putrane Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku putrine Dewa Brahma mula, kena disimpulake yen Resi Jatayu iku wayahe Dewa Brahma.

Resi Jatayu kagungan sedulur telu yaiku Garudha Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi timur kekancan raket banget karo Raja Ayodya  ya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Mula nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu paring pitulungan.

Nalika kuwi Dewi Sinta ditinggal dhewekan amarga Lesmana nggoleki Raden Rama. Rahwana teka nyedhaki panggonane Dewi Sinta kanthi memba-memba sawijining pandhita sing keluwen . Kanthi swara kang memelas Rahwana nyuwun tetedhan marang Dewi Sinta. Dewi Sinta medal saka pager gaib sing digawe Raden Rama, ngulungake tetedhan marang pandhita mau. Manuk emprit mangan suket, kanthi gesit cekat ceket Rahwana nyekel astane Dewi Sinta. Dewi Sinta mbengok sarosane mbudidaya uwal saka cengkremane Rahwana. Rahwana mbopong Dewi Sinta mabur sandhuwuring wana. 

Saka pucuking wit sing paling dhuwur, Resi Jatayu ngabruk Rahwana. Oleh serangan sing ora kanyana-nyana Rahwana dadi waspada. Rahwana ngendhani banjur males serangane Resi Jatayu. Resi Jathayu kaantem swiwine nganti sengkleh. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana, prasasat kadya walang menclok pager, berjuang mbela sing bener. Resi Jatayu  tetep ora kuwawa nglawan malah genten diajar dening Rahwana. Resi Jatayu sing swiwine sengkleh akhire tiba ana ing lemah. Napase melar mingkus nahan sakit.

Ing liya papan, amarga ora kasil mbujeng Kidang Kencana, Prabu Rama lan Laksmana banjur kondur maring papane Dewi Sinta. Sapira kagete bareng pirsa Dewi Sinta ora ana ing papan sakawit. Prabu Rama duka banget, nanging bisa dilipur Laksmana saengga bisa lilih. Kekarone nerusake lampah nglacak nggoleki Dewi Sinta kanthi ngubengi alas Dhandaka.

Lagi nggoleti, akhire ketemu peksi Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi, ananging kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu seda.

Rama matur nuwun banget maring Peksi Jatayu. Sawise ngreksa layone Jatayu, Prabu Rama lan Laksmana nerusake lampah. Ing tengah dalan ana sing atur pamrayoga supaya Prabu Rama lan Laksmana minta sraya marang rajaning wanara aran Anoman.

 

        (Kapethik kanthi owah owahan saka http;//www.sinaujawa.com

0 comments:

Posting Komentar