Jumat, 16 April 2021

Parikan

 Parikan ( Pantun ) yaiku unen-unen sing dumadi daka rong gatra utawa patang gatra lan nengenake purwakanthi (runtuting swara).


Parikan dumadi saka rong perangan:
1. Ukara purwaka / sampiran,
2. Ukara wos / isi.


Gunane purwaka yaiku kanggo narik kawigatene wong sing arep di khandani / dituturi. Sawise wong mau ketarik atine mula banjur nggatekake marang wose / isine kang baku.


Carane ngarang parikan:
Sing dikarang dhisik yaiku wose / isine, banjur sing keri ukara purwakane.
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda sing padha.

Tuladhane / contoh parikan :
- Tawon madu ngisep sekar
  Golek ilmu kudu sabar

- Enting-enting gula jawa
   Sabungkus isine sanga
   Sing penting kanggo pra siswa
   Urip tertib kang tumata
- Tampar taline timba
   Sing sabar sauntara
-  bumbu goreng bumbu mrica
   Kudu rukun karo kanca
-  Golek kewan Cacing ulur

    Aja lali maring sedulur 

Rabu, 14 April 2021

Kelas 8 Lanjutan Wulangan 3: Krama Alus

 

KRAMA ALUS


 

Basa krama alus yaiku:

Basa sing wujud tembunge krama karo tembung krama inggil. Dene  panganggone kanggo guneman karo sapa wae sing kudu diajeni. Krama alus ora kena kanggo awake dhewe.

 

Sing nggunakake:

a.    Anak marang wong tuwa.

b.    Murid marang gurune.

c.    Wong enom marang wong sing luwih tuwa lan kudu diajeni.

d.    Batur marang bendarane.

 

Sing dikramakake inggil yaiku:

1.    Tembung sesulih (kata ganti orang)

a.         aku        diganti    kula

b.         kowe     diganti    panjenengan

2.    Tembung kriya

a.         tuku       diganti    mundhut

b.         mara      diganti    sowan

c.         ngombe diganti    ngunjuk

3.    Perangan awak

a.         ati          diganti    penggalih

b.         brengos  diganti    gumbala, rawis

c.         rai          diganti    pasuryan

4.    Ater-ater

a.         dak-       diganti    kula

b.         ko-         diganti    panjenengan

c.         di-          diganti    dipun

5.    Panambang

a.         -ku         diganti    kula

b.         -mu        diganti    panjenengan

c.         -e           diganti    ipun

d.         -ake       diganti    aken

 

Tuladha:

Ratna     : “Ibu, kala wau mbak Sri sowan mriki ngaturi serat undhangan PKK.”

Ibu         :    “Lho kok sing ngeterke undangan mbak Sri?”

Ratna     :    “Inggih Bu, ngendikanipun dipunutus Bu Lurah.”

 

 

 

 

 

Kelas 8 Lanjutan Wulangan 3: Crita Legenda, Homograf, Jenenge Panggonan

 



    👉 Crita Legenda yaiku:

Crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kadadean utawa aran panggonan. Crita utawa dongeng mau nyebar kanthi lesan, dadi ora bisa kanggo pathokan ngenani salah utawa benere. Nanging nganti saiki isih dipercaya dening masyarakat. Tuladha: Tangkuban Prau, Surabaya, Asal-usul Tembok Luwung, Asal-usul Pecabean, Asal-usul Tegal, lan liya-liyane.

 

👉 Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.

   Ing ngisor iki tuladhane homograf basa Jawa:


- Wong gendheng ya, awit mau misuh-misuh karepe dhewe. (gila/edan)
- Gendhenge padha pecah amarga kena angin lesus. (atap)

- Bocah aja kesed ben cedhak rejekine. (mal
es)
- Yen arep mlebu mrene kesed dhisik. (
ulap tlapakan)

- Gegere lara kabeh bubar njunjung karung 30 kg. (
perangan awak)
-  Kelas awit mau kok geger wae ana apa?
 (ribut/ rame/ontran-ontran)

- Kaline peres amarga udan sedina sewengi. (banjir)
- Klapa parute diperes arep dianggo masak santene. (diatusake)

- Wedhuse ditaleni sing kenceng ben ora ucul. (
kenceng)
- Bapak mundhut sepedha motor dibayar kenceng. (
bayar kontan)

-Bocah loro katon keket banget kaya lem. (akrab)
- Nek wit pelem kuwi akeh uler kekete. (jenis ul
er)

- Kucingku wulune ketel. (wulune akeh)
- Ketel nek dhuwur meja isine es sirup. (teko)

- Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. (ireng)

- Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro.  (anak kucing)

 - Yen duwe meri kudu dikandhangake. (anak bebek)

- Kowe ora perlu meri karo adhimu. (ewa/iri/pengin kaya liyane)


👉Jenenge Panggonan

1.      Alas                 : panggonane wit-witan/thethukulan lan kewan-kewan.

2.      Alun-alun        : plataran amba ing satengahing kutha.

3.      Bango              : panggonan kanggo dodolan.

4.      Bangsal           : panggonan kanggo pasamuwan.

5.      Bong               : kuburane cina.

6.      Bothekan         : wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.

7.      Cangkruk        : panggonan kanggo jaga kampung.

8.      Clunthang       : wadhah jangkrik.

9.      Endhong         : wadhah panah.

10.  Gayor              : kanggo nyanthelake gong.

11.  Gedhogan       : kandhang jaran.

12.  Gerdhu             : panggonan kanggo jaga.

13.   Glodhogan      : kanggo omah tawon.

14.  Grobog            : kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.

15.   Gubug             : panggonan kanggo njaga tanduran.

16.  Kadhaton        : daleme ratu.

17.  Kurungan        : kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.

18.  Langgar           : omah cilik kanggo sembahyang wong Islam.

19.  Lumbung         : panggonan kanggo nyimpen pari.

20.  Menara            : panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.

21.  Mesjid             : omah gedhe kanggo sembahyang umat Islam.

22.   Padaringan      : wadhah kanggo nyimpen beras.

23.   Padasan          : panggonan kanggu wudhu.

24.   Pagupon          : omahe dara.

25.   Pawon             : perangan omah sing kanggo olah-olah.

26.  Pendhapa        : perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.

27.  Pesantren         : papan kanggo mulang wuruk para santri.

28.  Petarangan      : panggonan kanggo ngendhoge pitik.

29.  Pondhok          : omah kanggo mondhok, ngaji para santri.

30.   Sanggar           : papan kanggo latihan, papan kanggo semedi.

31.  Senthong         : perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.

32.  Stasiun            : papan kanggo mandhege sepur.

33.  Tala                 : omah tawon.

34.  Tangsi              : papan panggonane tentara.

35.  Wrangka          : kayu wadhah keris utawa tumbak


Kelas 8 Wulangan 3: Memahami teks legenda/asal-usul tempat.

 

Kompetensi Dasar:

3.3. Memahami teks legenda/asal-usul tempat.

Indikator:

Ø  👉 Menyebutkan kata sukar dalam teks cerita legenda.

Ø   ðŸ‘‰ Menjawab pertanyaan isi teks cerita legenda.

Ø   ðŸ‘‰ Mengidentifikasi tembung homograf dalam teks cerita legenda.

Ø   ðŸ‘‰ Mengidentifikasi jeneng panggonan yang ada dalam teks cerita legenda.

Ø  ðŸ‘‰ Melengkapi kalimat dengan tembung homograf.

Ø   ðŸ‘‰ Melengkapi kalimat dengan jeneng panggonan.

Ø   ðŸ‘‰ Menerapkan tembung homograf dalam kalimat.

Ø   ðŸ‘‰ Menerapkan jeneng panggonan dalam kalimat.

Ø   ðŸ‘‰ Menerapkan unggah-ungguh basa krama alus.

    A Ayo maca teks cerita legenda iki!

       



DUMADOSIPUN DUSUN BABAKAN

Dusun Babakan kalebet tlatah Kecamatan Lebaksiu Kabupaten Tegal. Peneripun saking pusat pamarentahan Kabupaten Tegal utawi Alun-alun Hanggawana mangidul udakara 4 km, nanging menawi saking terminal Dukuhsalam namung 2 Km. Dusun menika kalebet ingkang pasitenipun subur mila cocok sanget kangge tetanen. Para warganipun kathah ingkang pakaryanipun among tani. Kulawarganipun gesang gemah ripah loh jinawi. Ing papan ngriki samenika  wonten  pondhok pesantren kaliyan MTs Model Babakan.

Kadospundi  larah-larahipun dusun Babakan menika?  Para siswa siswi pengin mangertos?

Kacariyos nalika abad kaping 17 awal,  Ki Ageng Sebayu kagungan putri asma NI KEN JAYANTI utawi kesuwur kanthi jeneng NI KEN SUBALEKSANA. Ni Ken Jayanti menika  ayu sanget saking ayunipun ngantos  kondhang dumugi sanes panggenan malah kepara sajawining Pulo Jawa. Sebabipun menapa kok kondhang? Amargi Ki Ageng Sebayu kegolong bangsawan ingkang wekdal semanten keplesit minangka among tani ugi ulama, ingkang nyebar ngrembakaken agama Islam ing tlatah Kabupaten Tegal.

Saking kawentaring ayunipun Ni Ken Jayanti lajeng kathah para putra adipati ugi  bupati,  malah kepara putra nata ing Mataram inggih  lajeng  sami nyatakaken arsa ngebun-ebun enjing pisan.

Ki Ageng Subayu ngantos judheg penggalihipun,  amargi boten saget nolak  ugi boten saget nampi sedaya. Dados cethanipun ingkang kedah krama angsal  Ni Ken Jayanti kedah namung satunggal. Ki Ageng Subayu lajeng  maneges dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad kanthi sholat tahajud. Wusana lajeng wonten swanten tanpa rupi.

”Ki Ageng,  sira ora usah bingung ing pamilihmu sing bakal bisa dadi mantunira ora liya yaiku sawijine priya  linuwih sing wektu saiki lagi nyamur lan nglakoni dadi santri. Kanggo mutusake pamilihmu, becik sira nganakna sayembara pilih. Sapa bae sing bisa negor wit jati sing dumunung ing sakidule wringin kembar,  yaiku jodhone putrimu.”

Lejar penggalihipun Ki Ageng Subayu, enjangipun lajeng nimbali para santri  dipundhawuhi supados nyebaraken isi sayembara wau.

Para putra bupati ugi adipati ing saindenging Nuswantara lajeng sami tindak dhateng Tegal,  njujug ing dalemipun Ki Ageng Subayu ing dusun Rejasa (samenika dusun Timbangrejo, Kecamatan Lebaksiu). Para putra bupati lan adipati dipundhawuhi manggen saleripun wringin kembar, sadaya sami yasa tendha piyambak-piyambak. Kathahipun tendha gunggung ngantos SELAWE.

Enjangipun lajeng dipunwiwiti negor taneman jatos ingkang agengipun boten limrah, umuripun kaetang sampun atusan taun. Kathah ingkang sami ningali, wonten ingkang ngeyup ing ngandhapipun taneman cecek, taneman lamtoro, taneman pelem ingkang kathah cecekipun. Satunggal mbaka satunggal satriya pinunjul sami nyobi negor taneman jatos manut kaliyan nomer undhi sayembaranipun. Gandheng tanemanipun agengipun boten mupakat, milanipun boten wonten ingkang saged tatas ing wekdal sedinten,  malah kapara namung cecel kulitipun thok.

Mesthinipun gandheng sampun sedinten boten saget rubuh,  lan tenaganipun sampun sayah sanget,  milanipun dipunsarujuki saben penglamar namung dipunwatesi sedinten mawonBoten kenging ngluwihi saking sedinten,  amargi panglamaripun kathah.

Enjangipun saderengipun sayembara kawiwitan malih, taneman jatos dipuntliti rumiyin bokmenawi wonten ingkang tumindak boten jujur ing wayah dalu.  Kados menapa kagetipun para santri lan para satriya ingkang sami tumut sayembara jalaran taneman jatos menika wangsul wetah kados wingi uni. Milanipun lajeng  sami rembagan, kadospundi caranipun anggenipun negor supados rampung sedinten,  ateges wekdal sedinten taneman jatos kedah rubuh.

Wola-wali para satriya nyobi negor jatos menika, nanging prasasat namung mbabaki kulit jatos thok. Gampilipun cariyos para satriya gagal boten wonten ingkang saget mrantasi damel.

Ki Ageng Subayu lajeng manages malih  lan angsal wangsit menawi ingkang dados jodhonipun menika sampun dugi lan asmanipun Jadhug. Jadhug lajeng kadhawuhan nyobi negor jatos ngarang ingkang njenggarang dhuwuripun sundhul langit. Jadhug sendika dhawuh. Saderengipun tumandang damel, Jadhug semedi wonten ing sangandhapipun taneman jatos ngarang menika,  manages marang Allah SWT menawi pancen Ni Ken Jayanti jodhonipun, taneman jatos menika saget rubuh. Ki Jadhug lajeng  ngusap taneman jatos ingkang badhe dipuntegor menika. Kanthi kekiyatan ingkang ngedab-edabi taneman jatos ingkang dipuntapuk kaping tiga lajeng rubuh saoyod-oyodipun. Ron-ronipun sami rontok kemleyang ndhawahi sirah ugi geger tiyang-tiyang ingkang sami ningali. Pesantren geger lan Ki Jadhug estu kajodhokaken kaliyan Ni Ken Jayanti.

Criyos menika lajeng nuwuhaken dusun-dusun BABAKAN saking kedadosan wit jati ingkang dipuntegor namung babak thok, JATILAWANG saking tembung jatos (jati) ingkang suwala (angel). Dusun SLAWI ingkang asalipun saking tembung SELAWE. JOMBLANG (jomblong = gumun).

Dene Ki jadhug pranyata salah sawijining pangeran Mataram ingkang asma Pangeran Slarong utawi Pangeran Purbaya. Dusun patilasane Ki Jadhug dipunjenengi dusun Jatipelag lan sacelakipun dipunjenengi Dusun Slarang.

 

Kabesut saking Pustaka Candra Edisi 198

 




B. Ayo dhiskusi karo kancamu sameja, kanggo mangsuli pitakon-pitakon sing ana gegayutane karo teks crita!

1.        Putrane Ki Ageng Subayu kuwi asmane sapa?

wangsulan:  .....................................................................................................................

2.      Apa sing njalari penggalihe Ki Ageng Subayu judheg?

wangsulan:  .....................................................................................................................

3.      Apa sing ditindakake Ki Ageng Subayu kanggo ngudhari judhege?

wangsulan:  .....................................................................................................................

4.      Apa isine sayembara sing diwara-warakake Ki Ageng Subayu?

wangsulan:  .....................................................................................................................

                    .....................................................................................................................

5.      Sebutna aran panggonan sing tinemu ing carita mau!

wangsulan:  .....................................................................................................................

6.      Sebutna tembung homograf sing tinemu ing carita mau!

wangsulan:  .....................................................................................................................

7.      Dusun Babakan kuwi asale saka kadadeyan kepriye?

wangsulan:  .....................................................................................................................

                    .....................................................................................................................

8.      Dusun Slawi kuwi asale saka kadadeyan kepriye?

wangsulan:  .....................................................................................................................

                    .....................................................................................................................

9.      Dusun Dukuhwringin kuwi asale saka kadadeyan kepriye?

wangsulan:  .....................................................................................................................

                    .....................................................................................................................

10.  Sapa sejatine Ki Jadhug kuwi?

wangsulan:  ...............................................................................................................

................................................................................................................................... 


C. Ayo dhiskusi karo kancamu, ganepana ukara iki nganggo tembung homograf  kang wis sumadya!

1.      Kiye tembe ngrasakake .... lara kabeh bubar njunjung karung 30 kg.

2.      Tiyang punika asring ngagem busana ....

3.      Yen duwe ... kudu dikandhangake.

4.      Kelas awit mau kok ....  wae kenapa?

5.      Tulung nyong ditukokna ..... pan mangan langka lawuhe.

6.      Aku yen sowan budhe arep nyuwun ... loro bae nggo ngusir tikus.

7.      Kowen saben sore luru .... apa ora gigu?

8.      Koen ora perlu .... karo adhimu, yen bapak mundhutake sepeda.

9.      Kayune kuwi di ...... ben cepet garing sesuk kena kanggo masak.

10.  Saben dina mangane kok mung sayur.... bae apa ora ana liyane.

 

a. cecek  (aran woh)                         e. cemeng (warna)                     i. Pecel (sayur / panganan)

b. cecek  (aran kewan)                     f. cemeng (anak kucing)             j. Pecel (mbelah kayu)         c. geger (perangan awak)                g. meri (anak bebek)              

d. geger (kahanan ribut)                  h. meri (kepengin kaya liyane / ewa / iri)

 


D.  Ayo dhiskusi karo kancamu, ganepana ukara iki nganggo jeneng panggonan kang wis sumadya!

1.      Saben esuk asiling tetanen didol ana .... Bumijawa.

2.      Saiki yen arep lelungan maring Semarang numpak sepur bisa saka ..... Slawi ora perlu menyang Tegal.

3.      Saben dina Minggu ..... Hanggawana rame akeh wong mlaku-mlaku wisata kuliner.

4.      Nalika nyong liburan plesir ing Bonbin Gembira Loka banjur maring..... Jogja.

5.      Kakange nyong saka Jakarta numpak bus anjog Slawi jam 4 esuk mudhun ing ....... Dukuhsalam.

6.      Kudune yen pan numpak kapal maring ....... Tanjung Mas.

7.      Mbok ya darane digawekna ..... ben turune ora ana antene TV.

8.      Para tani yen liren pada ana .... sinambi medang lan mangan.

9.      Biyen ing saben pereke pasar ana ...., nanging saiki wis jarang jalaran dhokar langka.

10.  Ayame lemu-lemu amarga sabane ana.......

 

a. alun-alun                         e. gupon                 i. pasar

b. gubug                              f. stasiun                 j. pelabuhan           

c. pedaringan                      g. koplak            

d. terminal                          h. kraton


Lanjutan Materi, klik link di bawah ini

Crita Legenda, Homograf, Jenis Panggonan