Senin, 02 Agustus 2021

Purwakanthi

 Purwakanthyaiku tembung loro utawa luwih kang runtut lan padha swarane utawa sastrane.

 

Purwakanthi ana telu yaiku:

 

a.  Purwakanthi Swara kang runtut swarane/vokal (a/i/u/e/o)

Tuladha:    

- Ana rina ana sega

Adigang adigung adiguna

- Gemi nastiti ngati-ati

 

b.  Purwakanthi Sastra = kang runtut sastrane utawa konsonan (sakliyane aksara vokal)

Tuladha:    

Mingkar mingkure angkara

Bobot-bibit-bebet

Wani weruh enggal wanuh

 

c.  Purwakanthi Basa/Lumaksita = ana tembung (kata) sing diulang

Tuladha:    

- Bayem ardaardane ngrasuk busana.

- Kolik priya,priya gung anjani putra.

- Mong ing tirtatirta kandheg ing samodra.

Minggu, 25 Juli 2021

Materi Kelas 8: Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus

 

 BASA NGOKO ALUS

Basa ngoko alus yaiku basa kang wujud tembunge ngoko karo tembung krama inggil (tembung kriya,tembung sesulih purusa lan perangane awak). Ater-ater lan panambange tetep ngoko.

 

Kang nggunakake:

1.    Bocah karo bocah ngandhakake wong tuwa.

2.    Bojo marang kakunge.

3.    Wong tuwa marang wong enomsingdiurmati.

4.    Guru marang tilas muride sing wis kulawarga.

 

Tuladha 1:

Ibu                :  “Lho Pak, arep tindak ngendi?”

Bapak           :  “Menyang Kelurahan, ditimbali Pak Lurah.”

Ibu                :  “Lha ngko kondure jam pira?”

Bapak           :  “kira-kira jam 5 nan.”

 

Tuladha 2:

Ibnu              :  “Zen, pan ngendi?”

Zeni              :  “Kiye, enyong didhawuhi Pak Guru njukut kapur.”

Ibnu              :  “Yuh maring koprasi disit tuku jajan?”

Zeni              :  “Emoh lah, ngko didukani Pak Guru, njukut kapur bae suwe nemen.”



Materi Kelas 8: Crita Legenda, Tembung Garba, Tembung Rangkep





Materi Kelas 9: Purwakanthi, Basa Ngoko Alus, Panambang

 Purwakanthi

Pelajari Buku Pendamping Asah Basa Jawa Kelas 9 halam 8 sd 10



 BASA NGOKO ALUS

Basa ngoko alus yaiku basa kang wujud tembunge ngoko karo tembung krama inggil (tembung kriya,tembung sesulih purusa lan perangane awak). Ater-ater lan panambange tetep ngoko.

 

Kang nggunakake:

1.    Bocah karo bocah ngandhakake wong tuwa.

2.    Bojo marang kakunge.

3.    Wong tuwa marang wong enomsingdiurmati.

4.    Guru marang tilas muride sing wis kulawarga.

 

Tuladha 1:

Ibu                :  “Lho Pak, arep tindak ngendi?”

Bapak           :  “Menyang Kelurahan, ditimbali Pak Lurah.”

Ibu                :  “Lha ngko kondure jam pira?”

Bapak           :  “kira-kira jam 5 nan.”

 

Tuladha 2:

Ibnu              :  “Zen, pan ngendi?”

Zeni              :  “Kiye, enyong didhawuhi Pak Guru njukut kapur.”

Ibnu              :  “Yuh maring koprasi disit tuku jajan?”

Zeni              :  “Emoh lah, ngko didukani Pak Guru, njukut kapur bae suwe nemen.”



Tegese Panambang -an             

                                                







Selasa, 20 Juli 2021

Bahasa Jawa Kelas 9: Memahami Teks Ramayana Anoman Duta

 Wacanen Teks Crita Anoman Duta ing ngisor iki!



Raja Kiskenda Sugriwa asmane ngutus marang Anoman supaya golek sisik melik ing ngendi  dununge lan kepriye kahanane Dewi Sinta garwane Prabu Rama. Awit wis salapan dina durung krungu kabar wartane. Anoman mireng  dhawuhe pamanipun  sendika dhawuh ngestokake dhawuhe. Malah Anggada putra Sugriwa uga arep melu ndherekake tindake Anoman dikantheni para tantra kethek. Sadurunge budhal Prabu Rama maringake ali-aline marang Anoman, supaya mengkone Dewi Sinta ora mangu-mangu menawa Anoman iku minangka utusane Rama. Rama uga paring pitutur luhur aja ninggalake yitna yuwana lena kena jalaran akeh bebaya kang bakal diadhepi sajroning ngupadi papan dununge Dewi Sinta.



Ing tengahing laku Anoman dalah wadya tantra kang dipandhegani Anggada ketemu sadulure manuk Jatayu yaiku Sampati. Sampati matur manawa Dewi Sinta kagawa mabur didhusta dening Rahwana Raja Alengka sing awatak angkara murka. Sabanjure Sampati atur pirsa ancer-ancer papan dununge Nagara Alengka kang rajane  adigang adigung adiguna. Anoman banget anggone ngaturake panuwun  marang Sampati sing wis atur pirsa. Sabanjure Anoman lan wadya bala tantra mbacutake laku tumuju Alengka manut ancer-ancere kang diaturake dening Sampati.



Papan dununge Negara Alengka ana sabrange segara kang ombake gedhe dhuwure sagunung. Ndeleng gulung-gulungan ombak sing dhuwure sagunung nyedhaki pinggire laut, para tantra kethek atine miris kairis-iris nangis jroning batin bisa apa ora nyabrang segara kang akeh bebayane iki. Sawise suwe ing pinggire sagara, Anoman, Anggada lan para prajurite rembugan golek akal supaya bisa nyabrang laut. Asile pirembugan Anoman dhewe sing arep nyabrang ing Alengka kanthi cara malumpat saka pucuking Gunung Mahendra. Anoman kasil malumpati sagara tiba ing bukit. Saka dhuwur bukit Nagara Alengka katon kinupengan benteng  lan dijaga dening prajurit awan bengi.


Sanajan wis bisa mlebu tlatah Alengka, Anoman puteg pikire awit wiwit sakawit durung ketemu kang den upadi. Dumadakan nyawang ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati, apa iki arane Taman Argosaka. Anoman mereki banjur mlumpat ana wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, nglosot ing lemah. Gelungane ucul ora dirawat, gimbal campur kisma. Lamat-lamat keprungu pisambate kang banget ngeres-eresi.


Ing Taman Argasoka Dewi Sinta tinunggonan Niken Trijatha putrine Gunawan Wibisana ora liya keponakane Dasamuka. Niken Trijatha kang tansah atur panglipur kanthi tetembungan kang ruruh ririh rereh raras. Saben-saben keprungu pisambate Dewi Sinta kang ngangen-ngangen rawuhe Sri Rama, Niken Trijatha kang awatak asah asih asuh tansah caos panglipur marang Sang Dewi 


Anoman mudhun saka wit nagasari sawise mesthekake menawa wanodya kang tansah sesambat lan tansah angen-angen rawuhe Rama iku Dewi Sinta. Anoman banjur matur menawa diutus Ramawijaya minangka bukti Anoman ngaturake ali-aline Ramawijaya. Anoman nyaritakake  laralapane Rama anggone ngupadi Dewi Sinta nganti ketemu karo Sugriwa lan Anoman. Semono uga Dewi Sinta nyaritakake lelakone wiwit nalika kacidra dening Rahwana ing wana Dhandhaka , nganti kakurung ing taman Argasoka. Dewi Sinta njlentrehake kasangsarane. Uga mratelakake  menawa ing sajroning rong sasi, Dewi Sinta ora nungkul  marang Rahwana bakal diperjaya. Sawise ngudarasa kabeh kang dilakoni, Dewi Sinta paring cundhamanik kancing rambut supaya diaturake Prabu Ramawijaya.


Sawise nampani cundhamanik lan wis mangerteni kahanane Dewi Sinta, Anoman nyuwun pamit. Sadurunge mundur saka ngarsane Dewi Sinta, Anoman matur supaya ora kuwatir jalaran sedela maneh Prabu Rama bakal rawuh ngirid bala wadya tantra wanara.


Sadurunge bali Anoman sumedya nyoba kekuwatane bala Alengka. Anoman kridha, taman diowat-awut barang-barang kang ana dirusak. Wadya raseksa ngebyuk nyerang Anoman. Akeh sing tiba kabentus kagiles kaideg klenger lan mati, katrajang pangamuking Rewandaseta. Wadya danawa kang dipandhegani Indrajit gemrudug ngoyak nyerang Anoman. Anoman kacekel, kakecrek, kalarak, kaadhepake Rahwana. Anoman arep kapidana pati nanging ora sida, jalaran Anoman iku minangka utusan nagara. Adhedhasar paugeran bawana, utusan nagara ora kena dipateni sarta kudu diurmati. Anoman sluman slumun slamet nanging tetep oleh ukuman. Buntute diblebet gombal banjur dicelup lenga patra terus diobong.


Dewi Sinta mireng pawarta bab kadadeyan iku. Panjenengane ndedonga, nyenyuwun marang Gusti supaya Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor makantar-kantar. Anoman trus mlumpat nylangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-abitake buntute. Ora suwe payoning kraton kobar. Terus mremen, wewangunan-wewangunan  kraton lan isen-isene. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi segara geni. Wondene Anoman waras-wiris seger buger ora kobong trus kumleyang mudhun njegur sagara. Para wanara rame surak-surak mapag baline Palwagaseta. Banjur bebarengan bali menyang Kiskendha sowan marak Rama.


 









Bahasa Jawa Kelas 8 : Memahami isi teks cerita legenda. (Semester 1)

 








Minggu, 09 Mei 2021

Wulangan IV Memahami Isi Teks Dialog


A.   Ayo maca teks pacelathon iki!

Pacelathon 1

Poni         : “Assalamu’alaikum”

Jarwis       : “Waalaikumsalam. Jam semene kok nembe teka?”

Poni         : “On time kiye!”

Jarwis       : “On time apane, wis telat sejam luwih lho…”

Poni         : “Lha kowen, ana wong nembe teka koh diganyami. Rumangsane panas-panas kaya kiye nggenjot pit ora kesel. Deleng oh, srengengene persis nang dhuwur ubun-ubun, panas nemen nganti gegerku teles kabeh gara-gara kringet.”

Jarwis       : “Halah, nembe ngepit saka Slawi tekan Harjosari bae geger. Lha motormu endi?”

Poni         : “Rusak. Pan numpak angkot kangelan.”

Jarwis       : “Hehe… Itung-itung olahraga wis, ben langsing, dadi awake ora pati anteb.”

Poni         : “Jarwis, Jarwis! Angger atiku ora antep pan ngewangi Pak Lurah ya sungkan adoh-adoh ngepit anjog mene.”

Jarwis       : “Numpak ojek si, bisa dijujugna anjog ning nggone.”

Poni         : “Laka tukang ojek mangkal perek omahku.”

Jarwis       : “Diundhang nganggo hape kan bisa!”

Poni         : “Reka-reka nemen. Enyong ora tau nyimpen nomer hapene tukang ojek.”

Jarwis       : “Pon… Pon… Jebule kowen kudet yah… Kan ana ojek online. Malah saiki ora mung siji layanan ojek online. Ana sing arane Go-Jek, Grab, Joki Tegal, Argo Tegal, Jeg-Gal, Kacung Tegal, Mr. lan Mrs. Budjang, Si-Jek, lan liya-liyane. Angger pas udan ya bisa nganggo mobil.”

 Poni         : “Akeh ya jebule. Larang ora tarife?”

Jarwis       : “Ora. Tergantung jarake. Aku wingi numpak saka Adiwerna anjog umah be mung sepuluh ewunan.”

Poni         : “O… Trus carane pimen?”

Jarwis       : “Carane, download aplikasine lewat android, trus meluni petunjuke. Gari klak-klik tok, mengko marani dhewek supire. Bisa nggo mesen panganan ana apa.”

Poni         : “Wuih, canggih ya.”

Jarwis       : “Iya dong. Tuku poci, regane sewu. Tegal Slawi, saiki maju.

Poni         : “Hebat. Berarti saiki ora usah meri karo kutha-kutha gedhe. Kutha Tegal wis bisa serba online. Butuh apa-apa tinggal buka hape.”

Jarwis       : “Ya iyalah. Yawis, saiki tulung nyong diewangi nglebokna bebek lan meri-merine nang njero kandhang! Bar kiye nembe maring daleme Pak Lurah, mbantu ngukur sawah sing pan didol. Kiye meterane wis taksiapna.”

Poni         : “Ya, mengko dhisit. Sakdurunge ngukur sawah, tak ngukur geger dhisit kiye gatel nemen amarga kringeten mau.”

 

Pacelathon 2

Ibu           : “Dit, ayo tangi!”

Adit         : “Sekedhap malih taksih ngantuk.”

Ibu           : “Ngantuk apane, ngerti ora saiki jam pira?”

Adit         : “Duka, Bu?”

Ibu           : “Bocah kok yen didangu bisane mung duka-duka bae. Cepet ndang tangi terus shalat subuh. Mengko selak Bapakmu duka!”

Adit         : “Nggih...”

Ibu           : “Dadi bocah mbok aja kesed. Libur dudu ateges tura-turu tok. Bar shalat tulung kesed-kesed sing ning ngarep lawang dipepe ning panggonan sing panas!”

Adit         : “Nggih, Bu.”

                   (Bubar shalat)

                   “Bu, niki kok kesede sami teles?”

Ibu           : “Kudanan nang njaba. Turumu lali nemen ya, nganti ora ngerti yen udan deres sawengi muput. ”



Bapak      : “Wis… wis… Bar kuwi ndang adus, Dit! Trus ndherek Bapak maring stasiun.”

Adit         : “Badhe napa Pak?”

Bapak      : “Tuku tiket, sesuk dina Minggu Bapak pan penataran ning Semarang.”

Adit         : “Bapak badhe tindak dhateng Semarang nitih sepur? Kok boten nitih bis?”

Bapak      : “Luwih cepet numpak sepur, ora kena macet, tur ya panggonan penatarane perek saka stasiun.”

Adit         : “Oh, mekaten. Nggih, kula adus rumiyin. Bapak sampun siram?”

Bapak      : “Uwis, bar subuh mau.”

Ibu           : “Karo ngenteni Adit adus, Bapak dhahar dhisit ya. Iki sega gorenge wis mateng.”




 




Jumat, 16 April 2021

Parikan

 Parikan ( Pantun ) yaiku unen-unen sing dumadi daka rong gatra utawa patang gatra lan nengenake purwakanthi (runtuting swara).


Parikan dumadi saka rong perangan:
1. Ukara purwaka / sampiran,
2. Ukara wos / isi.


Gunane purwaka yaiku kanggo narik kawigatene wong sing arep di khandani / dituturi. Sawise wong mau ketarik atine mula banjur nggatekake marang wose / isine kang baku.


Carane ngarang parikan:
Sing dikarang dhisik yaiku wose / isine, banjur sing keri ukara purwakane.
Supaya dadi parikan sing apik, diupayaake antara purwaka lan wos duwe cacah wanda sing padha.

Tuladhane / contoh parikan :
- Tawon madu ngisep sekar
  Golek ilmu kudu sabar

- Enting-enting gula jawa
   Sabungkus isine sanga
   Sing penting kanggo pra siswa
   Urip tertib kang tumata
- Tampar taline timba
   Sing sabar sauntara
-  bumbu goreng bumbu mrica
   Kudu rukun karo kanca
-  Golek kewan Cacing ulur

    Aja lali maring sedulur 

Rabu, 14 April 2021

Kelas 8 Lanjutan Wulangan 3: Krama Alus

 

KRAMA ALUS


 

Basa krama alus yaiku:

Basa sing wujud tembunge krama karo tembung krama inggil. Dene  panganggone kanggo guneman karo sapa wae sing kudu diajeni. Krama alus ora kena kanggo awake dhewe.

 

Sing nggunakake:

a.    Anak marang wong tuwa.

b.    Murid marang gurune.

c.    Wong enom marang wong sing luwih tuwa lan kudu diajeni.

d.    Batur marang bendarane.

 

Sing dikramakake inggil yaiku:

1.    Tembung sesulih (kata ganti orang)

a.         aku        diganti    kula

b.         kowe     diganti    panjenengan

2.    Tembung kriya

a.         tuku       diganti    mundhut

b.         mara      diganti    sowan

c.         ngombe diganti    ngunjuk

3.    Perangan awak

a.         ati          diganti    penggalih

b.         brengos  diganti    gumbala, rawis

c.         rai          diganti    pasuryan

4.    Ater-ater

a.         dak-       diganti    kula

b.         ko-         diganti    panjenengan

c.         di-          diganti    dipun

5.    Panambang

a.         -ku         diganti    kula

b.         -mu        diganti    panjenengan

c.         -e           diganti    ipun

d.         -ake       diganti    aken

 

Tuladha:

Ratna     : “Ibu, kala wau mbak Sri sowan mriki ngaturi serat undhangan PKK.”

Ibu         :    “Lho kok sing ngeterke undangan mbak Sri?”

Ratna     :    “Inggih Bu, ngendikanipun dipunutus Bu Lurah.”

 

 

 

 

 

Kelas 8 Lanjutan Wulangan 3: Crita Legenda, Homograf, Jenenge Panggonan

 



    👉 Crita Legenda yaiku:

Crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kadadean utawa aran panggonan. Crita utawa dongeng mau nyebar kanthi lesan, dadi ora bisa kanggo pathokan ngenani salah utawa benere. Nanging nganti saiki isih dipercaya dening masyarakat. Tuladha: Tangkuban Prau, Surabaya, Asal-usul Tembok Luwung, Asal-usul Pecabean, Asal-usul Tegal, lan liya-liyane.

 

👉 Homograf yaiku tembung-tembung kang tulisane padha, nanging pangucapane beda, lan tegese uga beda.

   Ing ngisor iki tuladhane homograf basa Jawa:


- Wong gendheng ya, awit mau misuh-misuh karepe dhewe. (gila/edan)
- Gendhenge padha pecah amarga kena angin lesus. (atap)

- Bocah aja kesed ben cedhak rejekine. (mal
es)
- Yen arep mlebu mrene kesed dhisik. (
ulap tlapakan)

- Gegere lara kabeh bubar njunjung karung 30 kg. (
perangan awak)
-  Kelas awit mau kok geger wae ana apa?
 (ribut/ rame/ontran-ontran)

- Kaline peres amarga udan sedina sewengi. (banjir)
- Klapa parute diperes arep dianggo masak santene. (diatusake)

- Wedhuse ditaleni sing kenceng ben ora ucul. (
kenceng)
- Bapak mundhut sepedha motor dibayar kenceng. (
bayar kontan)

-Bocah loro katon keket banget kaya lem. (akrab)
- Nek wit pelem kuwi akeh uler kekete. (jenis ul
er)

- Kucingku wulune ketel. (wulune akeh)
- Ketel nek dhuwur meja isine es sirup. (teko)

- Tiyang punika asring ngagem busana cemeng. (ireng)

- Aku yen sowan budhe arep nyuwun cemeng loro.  (anak kucing)

 - Yen duwe meri kudu dikandhangake. (anak bebek)

- Kowe ora perlu meri karo adhimu. (ewa/iri/pengin kaya liyane)


👉Jenenge Panggonan

1.      Alas                 : panggonane wit-witan/thethukulan lan kewan-kewan.

2.      Alun-alun        : plataran amba ing satengahing kutha.

3.      Bango              : panggonan kanggo dodolan.

4.      Bangsal           : panggonan kanggo pasamuwan.

5.      Bong               : kuburane cina.

6.      Bothekan         : wadhah jamu utawa bumbu kanggo masak.

7.      Cangkruk        : panggonan kanggo jaga kampung.

8.      Clunthang       : wadhah jangkrik.

9.      Endhong         : wadhah panah.

10.  Gayor              : kanggo nyanthelake gong.

11.  Gedhogan       : kandhang jaran.

12.  Gerdhu             : panggonan kanggo jaga.

13.   Glodhogan      : kanggo omah tawon.

14.  Grobog            : kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang.

15.   Gubug             : panggonan kanggo njaga tanduran.

16.  Kadhaton        : daleme ratu.

17.  Kurungan        : kanggo ngingu manuk, pitik, lsp.

18.  Langgar           : omah cilik kanggo sembahyang wong Islam.

19.  Lumbung         : panggonan kanggo nyimpen pari.

20.  Menara            : panggonan sing dhuwur kanggo pepeling.

21.  Mesjid             : omah gedhe kanggo sembahyang umat Islam.

22.   Padaringan      : wadhah kanggo nyimpen beras.

23.   Padasan          : panggonan kanggu wudhu.

24.   Pagupon          : omahe dara.

25.   Pawon             : perangan omah sing kanggo olah-olah.

26.  Pendhapa        : perangan omah ngarep kanggo pasamuwan.

27.  Pesantren         : papan kanggo mulang wuruk para santri.

28.  Petarangan      : panggonan kanggo ngendhoge pitik.

29.  Pondhok          : omah kanggo mondhok, ngaji para santri.

30.   Sanggar           : papan kanggo latihan, papan kanggo semedi.

31.  Senthong         : perangan sajroning omah kanggo turu, utawa ndeleh barang.

32.  Stasiun            : papan kanggo mandhege sepur.

33.  Tala                 : omah tawon.

34.  Tangsi              : papan panggonane tentara.

35.  Wrangka          : kayu wadhah keris utawa tumbak