Purwakanthi yaiku tembung loro utawa luwih kang runtut lan padha swarane utawa sastrane.
Purwakanthi ana telu yaiku:
a. Purwakanthi Swara = kang runtut swarane/vokal (a/i/u/e/o)
Tuladha:
- Ana rina ana sega
- Adigang adigung adiguna
- Gemi nastiti ngati-ati
b. Purwakanthi Sastra = kang runtut sastrane utawa konsonan (sakliyane aksara vokal)
Tuladha:
- Mingkar mingkure angkara
- Bobot-bibit-bebet
- Wani weruh enggal wanuh
c. Purwakanthi Basa/Lumaksita = ana tembung (kata) sing diulang
Tuladha:
- Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
- Kolik priya,priya gung anjani putra.