Wacanen Teks Crita Anoman Duta ing ngisor iki!
Raja Kiskenda Sugriwa asmane ngutus marang Anoman supaya golek sisik melik ing ngendi dununge lan kepriye kahanane Dewi Sinta garwane Prabu Rama. Awit wis salapan dina durung krungu kabar wartane. Anoman mireng dhawuhe pamanipun sendika dhawuh ngestokake dhawuhe. Malah Anggada putra Sugriwa uga arep melu ndherekake tindake Anoman dikantheni para tantra kethek. Sadurunge budhal Prabu Rama maringake ali-aline marang Anoman, supaya mengkone Dewi Sinta ora mangu-mangu menawa Anoman iku minangka utusane Rama. Rama uga paring pitutur luhur aja ninggalake yitna yuwana lena kena jalaran akeh bebaya kang bakal diadhepi sajroning ngupadi papan dununge Dewi Sinta.
Ing tengahing laku Anoman dalah wadya tantra kang dipandhegani Anggada ketemu sadulure manuk Jatayu yaiku Sampati. Sampati matur manawa Dewi Sinta kagawa mabur didhusta dening Rahwana Raja Alengka sing awatak angkara murka. Sabanjure Sampati atur pirsa ancer-ancer papan dununge Nagara Alengka kang rajane adigang adigung adiguna. Anoman banget anggone ngaturake panuwun marang Sampati sing wis atur pirsa. Sabanjure Anoman lan wadya bala tantra mbacutake laku tumuju Alengka manut ancer-ancere kang diaturake dening Sampati.

Papan dununge Negara Alengka ana sabrange segara kang ombake gedhe dhuwure sagunung. Ndeleng gulung-gulungan ombak sing dhuwure sagunung nyedhaki pinggire laut, para tantra kethek atine miris kairis-iris nangis jroning batin bisa apa ora nyabrang segara kang akeh bebayane iki. Sawise suwe ing pinggire sagara, Anoman, Anggada lan para prajurite rembugan golek akal supaya bisa nyabrang laut. Asile pirembugan Anoman dhewe sing arep nyabrang ing Alengka kanthi cara malumpat saka pucuking Gunung Mahendra. Anoman kasil malumpati sagara tiba ing bukit. Saka dhuwur bukit Nagara Alengka katon kinupengan benteng lan dijaga dening prajurit awan bengi.
Sanajan wis bisa mlebu tlatah Alengka, Anoman puteg pikire awit wiwit sakawit durung ketemu kang den upadi. Dumadakan nyawang ana wewangunan gedhong kang asrine ngleluwihi, miwah petamanan kang endahe kepati-pati, apa iki arane Taman Argosaka. Anoman mereki banjur mlumpat ana wit nagasari, nalika nyawang mengisor, ing kono katon wanodya ayu kang sarirane kuru aking, nglosot ing lemah. Gelungane ucul ora dirawat, gimbal campur kisma. Lamat-lamat keprungu pisambate kang banget ngeres-eresi.
Ing Taman Argasoka Dewi Sinta tinunggonan Niken Trijatha putrine Gunawan Wibisana ora liya keponakane Dasamuka. Niken Trijatha kang tansah atur panglipur kanthi tetembungan kang ruruh ririh rereh raras. Saben-saben keprungu pisambate Dewi Sinta kang ngangen-ngangen rawuhe Sri Rama, Niken Trijatha kang awatak asah asih asuh tansah caos panglipur marang Sang Dewi
Anoman mudhun saka wit nagasari sawise mesthekake menawa wanodya kang tansah sesambat lan tansah angen-angen rawuhe Rama iku Dewi Sinta. Anoman banjur matur menawa diutus Ramawijaya minangka bukti Anoman ngaturake ali-aline Ramawijaya. Anoman nyaritakake laralapane Rama anggone ngupadi Dewi Sinta nganti ketemu karo Sugriwa lan Anoman. Semono uga Dewi Sinta nyaritakake lelakone wiwit nalika kacidra dening Rahwana ing wana Dhandhaka , nganti kakurung ing taman Argasoka. Dewi Sinta njlentrehake kasangsarane. Uga mratelakake menawa ing sajroning rong sasi, Dewi Sinta ora nungkul marang Rahwana bakal diperjaya. Sawise ngudarasa kabeh kang dilakoni, Dewi Sinta paring cundhamanik kancing rambut supaya diaturake Prabu Ramawijaya.
Sawise nampani cundhamanik lan wis mangerteni kahanane Dewi Sinta, Anoman nyuwun pamit. Sadurunge mundur saka ngarsane Dewi Sinta, Anoman matur supaya ora kuwatir jalaran sedela maneh Prabu Rama bakal rawuh ngirid bala wadya tantra wanara.
Sadurunge bali Anoman sumedya nyoba kekuwatane bala Alengka. Anoman kridha, taman diowat-awut barang-barang kang ana dirusak. Wadya raseksa ngebyuk nyerang Anoman. Akeh sing tiba kabentus kagiles kaideg klenger lan mati, katrajang pangamuking Rewandaseta. Wadya danawa kang dipandhegani Indrajit gemrudug ngoyak nyerang Anoman. Anoman kacekel, kakecrek, kalarak, kaadhepake Rahwana. Anoman arep kapidana pati nanging ora sida, jalaran Anoman iku minangka utusan nagara. Adhedhasar paugeran bawana, utusan nagara ora kena dipateni sarta kudu diurmati. Anoman sluman slumun slamet nanging tetep oleh ukuman. Buntute diblebet gombal banjur dicelup lenga patra terus diobong.
Dewi Sinta mireng pawarta bab kadadeyan iku. Panjenengane ndedonga, nyenyuwun marang Gusti supaya Anoman ora kobong. Buntute Anoman dadi obor makantar-kantar. Anoman trus mlumpat nylangkrik ing sandhuwure payon, karo ngobat-abitake buntute. Ora suwe payoning kraton kobar. Terus mremen, wewangunan-wewangunan kraton lan isen-isene. Kraton Alengka dadi karang abang, dadi segara geni. Wondene Anoman waras-wiris seger buger ora kobong trus kumleyang mudhun njegur sagara. Para wanara rame surak-surak mapag baline Palwagaseta. Banjur bebarengan bali menyang Kiskendha sowan marak Rama.