A.
Ayo maca teks pacelathon
iki!
Pacelathon 1
Poni : “Assalamu’alaikum”
Jarwis : “Waalaikumsalam.
Jam semene kok nembe teka?”
Poni : “On time kiye!”
Jarwis : “On time apane, wis telat sejam luwih
lho…”
Poni : “Lha kowen, ana wong nembe teka koh
diganyami. Rumangsane panas-panas kaya kiye nggenjot pit ora kesel. Deleng oh,
srengengene persis nang dhuwur ubun-ubun, panas nemen nganti gegerku teles
kabeh gara-gara kringet.”
Jarwis : “Halah,
nembe ngepit saka Slawi tekan Harjosari bae geger. Lha motormu endi?”
Poni : “Rusak.
Pan numpak angkot kangelan.”
Jarwis : “Hehe…
Itung-itung olahraga wis, ben langsing, dadi awake ora pati anteb.”
Poni : “Jarwis, Jarwis! Angger atiku ora antep pan ngewangi Pak Lurah ya sungkan adoh-adoh
ngepit anjog mene.”
Jarwis : “Numpak
ojek si, bisa dijujugna anjog ning nggone.”
Poni : “Laka
tukang ojek mangkal perek omahku.”
Jarwis : “Diundhang
nganggo hape kan bisa!”
Poni : “Reka-reka nemen. Enyong ora tau
nyimpen nomer hapene tukang ojek.”
Jarwis : “Pon… Pon… Jebule kowen kudet yah… Kan
ana ojek online. Malah saiki ora mung siji layanan ojek online. Ana sing arane Go-Jek,
Grab, Joki Tegal, Argo Tegal, Jeg-Gal, Kacung Tegal, Mr. lan Mrs. Budjang,
Si-Jek, lan liya-liyane. Angger pas udan ya bisa nganggo mobil.”
Poni : “Akeh ya jebule. Larang ora tarife?”
Jarwis : “Ora.
Tergantung jarake. Aku wingi numpak saka Adiwerna anjog umah be mung
sepuluh ewunan.”
Poni : “O… Trus carane pimen?”
Jarwis : “Carane,
download aplikasine lewat android, trus meluni petunjuke. Gari klak-klik tok,
mengko marani dhewek supire. Bisa nggo mesen panganan ana apa.”
Poni : “Wuih, canggih ya.”
Jarwis : “Iya dong. Tuku poci, regane sewu.
Tegal Slawi, saiki maju.
Poni : “Hebat. Berarti saiki ora usah meri
karo kutha-kutha gedhe. Kutha Tegal wis bisa serba online. Butuh apa-apa
tinggal buka hape.”
Jarwis : “Ya iyalah. Yawis, saiki
tulung nyong diewangi nglebokna bebek lan meri-merine nang njero kandhang! Bar kiye
nembe maring daleme Pak Lurah, mbantu ngukur sawah sing pan didol. Kiye
meterane wis taksiapna.”
Poni : “Ya,
mengko dhisit. Sakdurunge ngukur sawah, tak ngukur geger dhisit kiye gatel
nemen amarga kringeten mau.”
Pacelathon 2
Ibu : “Dit,
ayo tangi!”
Adit : “Sekedhap
malih taksih ngantuk.”
Ibu : “Ngantuk apane, ngerti ora saiki
jam pira?”
Adit : “Duka, Bu?”
Ibu : “Bocah
kok yen didangu bisane mung duka-duka bae. Cepet ndang tangi terus shalat
subuh. Mengko selak Bapakmu duka!”
Adit : “Nggih...”
Ibu : “Dadi bocah mbok aja kesed. Libur
dudu ateges tura-turu tok. Bar shalat tulung kesed-kesed sing ning ngarep
lawang dipepe ning panggonan sing panas!”
Adit : “Nggih, Bu.”
(Bubar shalat)
“Bu, niki kok kesede sami teles?”
Ibu : “Kudanan
nang njaba. Turumu lali nemen ya, nganti ora ngerti yen udan deres sawengi
muput. ”
Bapak : “Wis… wis… Bar kuwi ndang adus, Dit! Trus
ndherek Bapak maring stasiun.”
Adit : “Badhe napa Pak?”
Bapak : “Tuku
tiket, sesuk dina Minggu Bapak pan penataran ning Semarang.”
Adit : “Bapak
badhe tindak dhateng Semarang nitih sepur? Kok boten nitih bis?”
Bapak : “Luwih
cepet numpak sepur, ora kena macet, tur ya panggonan penatarane perek saka
stasiun.”
Adit : “Oh,
mekaten. Nggih, kula adus rumiyin. Bapak sampun siram?”
Bapak : “Uwis,
bar subuh mau.”
Ibu : “Karo
ngenteni Adit adus, Bapak dhahar dhisit ya. Iki sega gorenge wis mateng.”